KEMBANG ATI
Karya: Rizki Iqbal Mbalelo
Nalikane aku sepisan ketemu dheweke atiku katon sumringah. Pasuryane kang sumunar koyo rembulan kang nyinari jagad iki nambahi rasa tresna ing atiku. Sejatine aku wes kenal suwe marang dheweke, nanging ora raket koyok sak iki.
“Dek, arepe ning ngendi isuk-isuk kok wis macak ayu?”
“Iso wae sampeann iki mas, iki aku arep latihan nari ning sanggar,” karo mesem anggone mangsuli pitakonku.
Seneng banget atiku nalika dheweke mangsuli pitakonku.
“Yowis, ati-ati dek.”
Banjur dheweke budhal latihan nari menyang sanggar.
Saben bengi aku SMSan karo dheweke, senadyan rodok suwe balese nanging aku sabar angenteni.
“Kring....!”
Hpku muni, katon bungahe atiku nalikane krungu swara Hpku. Tak kiro dheweke sing SMS aku, tibake SMS soko guruku yen maringi jadwal pentas kanggo HTD (Hari Tari Dunia). Nanging atiku panggah seneng amergo aku bisa saben dina ketemu marang katresnanku.
Rina klawan wengi aku tansah kelingan, opo koyo ngene rasane wong lagi gandrung. Ora kuwat nandang kangen, banjur aku SMS dheweke: Dek.... Ora suwi dhewek bales SMSku: Dalem, wonten napa mas?. Koyo-koyo ilang rasa kangenku yen maca balesan SMS saka dheweke. Ora nyono ugo ora ngiro aku bisa kenal raket karo bocah sing tak tresnani. Suwene anggonku SMSan ora kroso yen wis jam 00.00 punjul, banjur dheweke pamit ning aku yen arep mapan turu: Mas, aku tak turu disek yo? Wis bengi, sesok yo wayahe sekolah. Banjur aku balesi SMSe: Iyo dek, sesok wae di sambung maneh anggone smsan. Aku ugo enggal-enggal mapan turu golek endahing pangimpen supaya sesuke ora telat menyang sekolahan.
.........
Nalikane aku ning sekolahan aku ketemu karo dheweke sing lagi lungguh ning ngarep kelas.
“Dek, lagi ngopo kok ning njobo dewe?.”
“ Ora ngopo-ngopo kok mas, mung pengen golek siliri angin wae amerga ning njero kelas sumuk mas.” Anggone mangsuli pitakonku karo dolanan HP.
“Wingi latihan nari opo dek?”
“Wingi latihan tari garapan mas, kanggo lomba tari.”
Ora suwi swara bel masuk sekolah wis muni
“Ayo ndang melbu kelas dek, mengko istirahat di sambung maneh.”
Kleresan kelasku karo kelase dheweke bedho, dadi aku banjur moro nang kelasku sing ora adoh karo kelase dheweke.
.............
“Tettt....”
Bel ngaso wes muni, aku karo kanca-kancaku banjur metu menyang kantin golek jajan lan panganan. Ora sengojo aku petukan karo dheweke nalika tuku jajan karo kanca-kancane.
Tak jawil pundake, banjur dheweke nyawang aku karo mesem. Rasa koyo-koyo wis ra kuat nyawang esemanne sing pahit madu.
Aku karo kanca-kancu balek nang kelas. Aku mbayangne yen dheweke dadi dhuwekku, tansoyo senenge atiku.
.............
“Tetttt.....”
Swara bel mulih wes muni, banjur aku metu saka kelas. Ora sengaja aku nyawang dheweke lungguh nang ngarep kopsis dewekan.
“Dek, kok ora ndang mulih?.” Pitakonku karo lungguh ning sandinge
“Sek ngenteni papakan mas.” Anggone njawab karo mesem
“Lha tak terne opo piye to dek?.”
“Ora usah mas, bariki lak di papak ibu.”
Anggonku omong-omongan ora kroso wes suwi banget. Ora suwi dheweke ngomong nang aku yen arep mulih amergo wis dipapak ibuke ning ngarep.
“Mas, aku tak mulih disek yo, amergo iki ibu wis ngenteni ning ngarepan.”
“Iyo dek, ati-ati.”
Banjur aku mlaku ning parkiran buri njupuk montor lan bablas mulih.
..............
“Kring...!”
Ono SMS sing melbu ning Hpku: Le, sesok mulih sekolah bocah-bocah di omongi yen gladi bersih di gawe HTD. SMS saka guruku sanggar.
sing tak tresnani.
.............
Nalika aku ning sekolahan aku lewat ngarep kelase dheweke, nanging tak sawang-sawang kok durung enek sing teko, banjur aku nutukne mlakuku menyang kelasku.
Aku lungguh ning bangku buri karo dolanan HP, ora suwi bel masuk wis muni. Aku banjur nglebokne HP ning tas lan ngetokne buku pelajaran dina kuwi.
.............
Jam ning tembok wis nduduhne tabuh 11.30 wis wayahe sekolahku mulih, amergo iki mau dina sabtu, banjur aku moro nang aula, mergo iki mengko latihane tari lan karawitan gawe gladhi bersih HTD ning aula.
Penari lan pengrawit wis podo ngumpul kabeh, banjur gladhi bersih di mulai.seneng banget atiku yen nyawang solah bawane katon sigrak anggone nari.
Wis suwe anggone latihan banjur bocah-bocah di klumpukne, di omongi masalah budhal HTD sesok kuwi.
“Sesok nglumpuk ning sekolahan jam 06.30, gawe klambi sanggar karo katok ireng.” Jarene guruku sanggar.
Sak wise pengumuman bocah-bocah di kongkon ndang muleh nyepak-nyepakne sing digowo sesok lan kon ndang leren ning omah.
..............
Aku nyepakne barang-barang di gawe budhal sesok.
“Kring...!”
Swara Hpku muni, banjur aku ndelok sopo sing SMS aku. Tibake dhewekne takon: Wis nyepak-nyepakne di gawe sesok opo durung mas? SMSe dheweke.
Ora nyongko yen dheweke menehi perhatian ning aku, rasane koyo ngimpi. Banjur aku balesi SMSe dheweke: Uwis kok dek, lha sampean uwis nyepak-nyepakne opo durung? Anggonku bales pitakone. Ora suwi anggonku SMS ora suwi dheweke telfon aku. Ora kroso yen anggonku telfon-telfonan suwi banget. Dheweke pamit yen arep turu mergo sesok arep tangi isuk. Aku yo melu mapan turu amergo aku sesok yo kudhu tangi isuk.
.............
Alaram jamku wis muni, banjur aku tangi lan bablas adus. Sak wise adus aku sarapan, mari sarapan aku pamit menyang wong tuwaku banjur bablas budhal menyang sekolahan.
Bocah-bocah wis podo ngumpul kabeh, ora suwi guruku ngongkon bocah-bocah ngunggahne klambine tari nang njero bis, banjur ngajak budhal pisan.
Rasa katresnanku menyang dheweke tansaya tambah ndadi, atiku tansah lewung. Atiku mbatin, mulih saka HTD aku bakal ngungkapne katresnanku menyang dheweke.
Ora kroso yen wis saka solo. Aku karo bocah-bocah banjur leren menyang kampus ISI Surakarta, amergo giliranku tampil mengko bengi, dadi isih ono wektu gawe dolan karo leren.
Jam 02.00 bocah-bocah wis podo adus mergo jam 03.00 bocah-bocah wes podo rias. Nanging sing rias iku penari, pengrawite ora rias, dadi isih ono wektu gawe leren pengrawit.
Kaget ati iki ra percoyo yen nyawang ayune pasuryane, tansaya tambah kepelut atiku iki.
“Nyawang opo mas, kok nglamun.” Anggone ngageti aku.
“Lagi nyawangi sampean rias dek.”
“Lhoh? Eneng opo kok di sawangi? Enek sing salah to mas?”
“Ora, ora kok dek. Ora macak wae sampean katon ayu, opo maneh yen wis macak ngene iki, tansaya koyo widodari sing mudhun saka kayangan.” Anggonku gojek.
“Iso wae sampean iki mas.” Karo ngguyu
Ora suwi guruku ngajak menyang lokasi amergo bariki wayahe sanggarku tampil. Aku kudu profesional anggone nabuh, dadi pikaranku mung fokus anggone gamelan.
Sakwise tampil bocah-bocah banjur balik menyang kampus di gawe rucat klambi. Sakwise rucat klambi bocah-bocah banjur balik menyang bis mergo arep balik menyang kediri.
.............
Alhamdulillah anggone lomba wingi lancar lan sukses. Atiku tansah lewung mergo katresnanku, banjur aku dolan ning warung bantaran brantas kumpul karo bolo-bolo jaranan.
Aku ora lali marang omonganku nalika arep budhal menyang solo. Banjur aku SMS dheweke: Dek... Dheweke langsung bales SMSku: Dalem.. Enek opo mas? Aku bingung arep omong piye, tapi aku kudhu wani ngomong ning dheweke: Aku arep ngomong... Ora suwi dheweke langsung bales: Ngomong opo mas? Kok sajake penting banget. Deg-degan jroning dada iki, Bismillah: Aku tresna sliramu, opo sliramu gelem dadi pacarku? Dheweke langsung bales SMSku: Opo ora salah maca aku iki mas. Bingung kudu bales piye, nanging tetep tak bales mergo iki wis dadi tekatku pengen nyanding dheweke: Tenan dek, piye dek? Gelem opo ora? Suwi anggone bales SMSku, nanging aku tetep sabar ngenteni balesane. Ora suwi nggonku mbatin ono SMS melbu ning Hpku: Iyo mas, aku gelem, sak jujure aku yo nduwe rasa tresna ning sampean. Tansah sumringah atiku maca balesane, koyo-koyo ra percoyo yen dheweke yo nduwe rasa ning aku lan gelem nampa katresnanku. Tanggal 2 Mey lan miline banyu kali brantas iki dadi saksi taline asmaraku iki.
..............
Ora suwi anggonku mbangun tresno banjur dheweke pamit ning aku yen arep PPK ning kutha Batu.
“Mas, aku sesok budhal PPK ning Batu, sampean tak tinggal ojo nakal yo.” Karo mbrebes mili anggone pamitan ning aku
“Iyo dek, aku ora nakal, sampean sing ati-ati ning kono.” Karo tak usap waspone sing nelesi pipine.
Lilo ra lilo aku kudhu lilo amergo iki wis dadi tugase.
.................
Telung sasi suwene aku ngenteni baline, nanging sing tak enteni tega nglarani. Katresnanku pupus ing tengah dalan. Dheweke kirim SMS yen ngejak pisahan. Loro jroning ati iki yen maca SMSe. Kembange ati sing ndisek tak gandrungi sak iki malah tega nglarani. Opo ora kelingan nalikane dheweke isih PPK ning batu, saben dina Kediri-Batu tak lakoni. Nanging aku kudu kepiye, iki wis dadi lakonku, yen wong sing tak tresnani tega ninggalne aku. Janji-janji sing biyen nate ketali nyatane mung muspro. Alun-alun kutha Batu lan Tanggal 2 Mey amung kari kenangan.

Komentar
Posting Komentar