KEMBANG ATI
Karya: Rizki Iqbal Mbalelo Nalikane aku sepisan ketemu dheweke atiku katon sumringah. Pasuryane kang sumunar koyo rembulan kang nyinari jagad iki nambahi rasa tresna ing atiku. Sejatine aku wes kenal suwe marang dheweke, nanging ora raket koyok sak iki. “Dek, arepe ning ngendi isuk-isuk kok wis macak ayu?” “Iso wae sampeann iki mas, iki aku arep latihan nari ning sanggar,” karo mesem anggone mangsuli pitakonku. Seneng banget atiku nalika dheweke mangsuli pitakonku. “Yowis, ati-ati dek.” Banjur dheweke budhal latihan nari menyang sanggar. Saben bengi aku SMSan karo dheweke, senadyan rodok suwe balese nanging aku sabar angenteni. “Kring....!” Hpku muni, katon bungahe atiku nalikane krungu swara Hpku. Tak kiro dheweke sing SMS aku, tibake SMS soko guruku yen maringi jadwal pentas kanggo HTD (Hari Tari Dunia). Nanging atiku panggah seneng amergo aku bisa saben dina ketemu marang katresnanku. Rina klawan wengi aku tansah kelingan, opo koyo ngene rasane wong lagi gandrung. ...